Ande-Ande Lumut
Putraku Si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna Ana Putri Kang Unggah-unggahi
Putrine, Ngger, Sing Ayu Rupane
Klenthing Abang Iku Kang Dadi Asmane
Duh, Ibu, Kula Dereng Purun
Duh, Ibu Kula Mboten Mudhun
Nadyan Ayu Sisane Si Yuyu Kang-kang
Putraku Si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna Ana Putri Kang Unggah-unggahi
Putrine, Ngger, Sing Ayu Rupane
Klenting Ijo Iku Kang Dadi Asmane
Duh, Ibu, Kula Dereng Purun
Duh, Ibu Kula Mboten Mudhun
Nadyan Ayu Sisane Si Yuyu Kang-kang
Putraku Si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna Ana Putri Kang Unggah-unggahi
Putrine, Ngger, Sing Ayu Rupane
Klenting Biru Iku Kang Dadi Asmane
Duh, Ibu, Kula Dereng Purun
Duh, Ibu Kula Mboten Mudhun
Nadyan Ayu Sisane Si Yuyu Kang-kang
Putraku Si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna Ana Kere Kang Unggah-unggahi
Kerene, Ngger, Kang Olo Rupane
Klenthing Kuning Iku Kang Dadi Asmane
Duh, Ibu, Kula Sampun Purun
Duh, Ibu Kula Purun Mudhun
Nadyan Ala Putri Niki Pilihan Kulo