Lirik Lagu Cemburu - Eddy Laras & Dini Aditama

Eddy Laras & Dini Aditama - Cemburu


Sore Sore Dandan Rapi
Mlakune E Metu Mburi
Sajake Wedi Konangan
Janjian Neng Pinggir Dalan
Baline Metu Tritisan San San

Jane Opo Karepmu
Sitik-sitik Kowe Nesu
Sajake Kowe Cemburu
Aku Nduwe Pacar Baru
Kowe Terus Gawe Isu

Lho Ngopo Aku Cemburu
Rumangsamu Kowe Ayu
Nyawang Wae Aku Wegah
Opo Maneh Omah-omah
Ora Suwe Mesti Bubrah Brah Brah

Aku Milih Liyane
Ora Sudi Milih Kowe
Nganggur Ora Nyambut Gawe
Paling-paling Dadi Kere Re Re

Reff :
(Dialog)
Heh Karepmu Opo Lo
Yo Popo
Kere-kere Ngajak Sing Apik Aku Iki Tanggung-jawab
Ah Ora Percoyo Tanggung-jawab Kok Ora Kerjo O Kere I

Klontang-klantung Kowe Ora Kerjo
Arep Nglamar Aku Mengko Mangan Opo

Nglamar Kowe Opo Ra Ono Sing Liyo
Rumangsamu Aku Iki Opo

Klontang-klantung Kowe Ora Kerjo
Arep Nglamar Aku Mengko Mangan Opo

Nglamar Kowe Opo Ra Ono Sing Liyo
Rumangsamu Aku Iki Opo

Reff :
(Dialog)
Ojo Sok Nyepelekke Ta
Yo Ora Ngono
Elek-elek Lanang Lo Aku Iki
Lanang Ra Kerjo Ae Pangan Apane?